Pengikut

snow

Archive

Configure your calendar archive widget - Edit archive widget - Flat List - Newest first - Choose any Month/Year Format

Kamis, 03 Maret 2011

Upacara Tradisional

Gunung Bromo sawijining gunung ing Jawa Wetan dadi jujugane para turis. Embuh iku turis saka mancanagara apa turis domestic. Masyakarakat ing sakiwa tengene gunung Bromo nduweni adat istiadat kang lawase wis atusan taun sing tansah dilestarekake.
Miturut sejarah, masyarakat Bromo iku asale saka masyarakat masyarakat Hindhu Majapahit sing ora gelem ngrasuk agama Islam, banjur nyingkir ing sakiwa tengene gunung Tengger.
Ing sakiwa tengene gunung Tengger mau banjur bebranahan, tangkar tumangkar nganti saiki ngenggoni wewengkon gunung Tengger kono. Sarehne adat istiadat sing wis umure atusan taun mau tetep dilestarekake , mula adat istiadate seje karo masyarakat Jawa umume. Upacara Kesada, upamane : sawijining upacara caos bulu bekti marang kang mbaureksa gunung. Sataun sepisan upacara iki dianakake. Ing upacara iki akeh wong manca padha teka saperlu ndeleng upacara sing mung sataun sepisan ana. Yen ora mbeneri upacara Kesada wong-wong saperlu ndeleng jumedhule lan mletheke srengenge saka pucaking gunung. Pancen endah tenan. Saka sikile gunung nganti teka pucake wis ana undhak-undhakane . Dadi yen ana wong kepingin munggah gunung ora bakal wedi yen kepleset. Yen wis teka pucaking gunung banjur ndeleng kawah sing jero banget.

0 komentar:

Posting Komentar

 
 

Designed by: Compartidísimo | Brought to you by Blogger Template Place & Blogger Tutorial
Scrapping elements: Deliciouscraps©