Pengikut

snow

Archive

Configure your calendar archive widget - Edit archive widget - Flat List - Newest first - Choose any Month/Year Format

Minggu, 20 Februari 2011

Mitos Masyarakat

Rara Mendut

Rara Mendut utawa Pranacitra-Rara Mendut iku crita novel sejarah klasik ing tlatah Jawa Tengah. Jaman dhisik ing kadipaten Pathi ana 2 desa yaiku desa Rogowangsan lan desa Juwanalan, Ing Rogowangsan ana sawijining kenya kang jenenge Rara Mendhut, dene ing Juwanalan ana pemudha kang jenenge Pranacitra, kekarone nganakake sesambungan tresna. Kadhipaten Pathi wektu iku ing ngisore kekuasaane Majapahit. Amarga kudu setor upeti kang abot, mula kadhipaten Pathi ora gelem asok upeti maneh saengga saka kraton MAjapahit ngutus Tumenggung Wiraguna supaya nglurug menyang Pathi lan amarga PAthi ngeyel mula perang ora bisa diendhani maneh, Kadipaten Pathi kalah lan kudu setor putri boyongan lan salah sijine Rara Mendhut, nanging Rara Mendhut malah disenengi dhewe karo Tumenggung Wiraguna lan arep didadekake garwa. Rara mendut digawa menyang Majapahit,Pranacitra meneng - meneng melu ngawula ing daleme Tumenggung Wiraguna lan didadekake juru taman. Rara mendut lan pranacitra nganakake sesambungan kanthi sesidheman, nanging konangan karo Wiraguna, banjur padha mlayu lan kecekel, mulla pranacitra lan Wiraguna perang tandhing lan dimenangke Wiraguna, Pranacitra dipateni lan Rara Mendhut banjur suduk salira, lan kekarone dikubur saluwang.

0 komentar:

Posting Komentar

 
 

Designed by: Compartidísimo | Brought to you by Blogger Template Place & Blogger Tutorial
Scrapping elements: Deliciouscraps©